PUPUH VII KINANTHI Kuneng wau unduripun, warnanen tuwan kontrolir, Lamres saking Kabupatyan, datan kawarna ing margi, laju mring loji ratanya, njujug Kantor Sekretaris. Kang kadya residhenipun, tuwan Van de Pul linuwih, ambek santa sadu budya, agung palamarteng dasih, misuwur liya negara, adil tur alus ing budi. Dene Sekretarisipun, tuwan Fislar kang wewangi, wicaksana budya arja, sembada pekik kang warni, rikala wektu semana, Residhen tindak kumisi. Marang Batang bawahanipun, wauta tuwan kontrolir, panggih Sekretaris Fislar, tetabeyan mundhut kursi, tuwan Lamres lon aturnya, lah ta menis Sekretaris. Ingsun angaturi weruh, Jeng Tumenggung dina iki, ngumpulaken pra pandhita, Kaji Arab lan priyayi, kebak aneng Kabupatyan, miwah janma kang ningali. Marga ana Kaji luput, aran Mukhamad Ripangi, wisma dhusun Kalisasak, kareh ing Batang negari, karya gitaning ngakathah, dadya oreg kang negari. Denya nacad saminipun, ingaran datan sayekti, pratingkahe janma Islam, lan salat Jumuwah masjid, inggih winastan datan sah, kaping tri sujanma kawin. Datan den sahken sedarum, Ki Tumenggung milaneki, ngumpulaken pra ngulama, kinen mufakatan sami, ing mangke pang sampun terang, sisip pun Kaji Ripangi. Wus kathah janma ngguguru, dhumateng Kaji Ripangi, pra sami saekapraya, tan ajrih dhateng priyayi, karya semnaging negara, yen dadya kraman lir nguni. Kadi negara ing Kedhu, inggih wani mring Bupati, angadoni bandayuda, Bupati temah ngemasi, margine ngulama mulang, ing tekad datan sayekti. Kagyat dupi myarsa atur, wau tuwan Sekretaris, tan mawi catur pariksa, Tumenggung tan den timbali, sigra akarya nuwala, Ki Tumenggung den prentahi. Nuwala kelangkung bendu, dhumateng Kaji Ripangi, Ki Tumenggung dhinawuhan, kinen angulihna aglis, pinasrahena Bupatya, ing Batang kinen anjagi. Tan kena lunga puniku, saking desa wismaneki, tan linilan mulang janma, wong ngguguru nora keni, pulisi kinen anjaga, nuwala dadi kinirim. Tan winarna aneng enu, Bupati Kalongan tampi, nuwala lajeng akarya, srat mring Batang kang Bupati, Ki Arya Puspadiningrat, ing Batang ingkang Bupati. Tandya kinen mangkat gupuh, wau Ki Kaji Ripangi, ingiring duta Bupatya, samarga kawelas asih, dhawuh sikuning Hyang Suksma, denira laku tan yekti. Dene ngaku alim agung, ngaku badake Jeng Nabi, Muhammad niyakaning rat, ing Jawa datanpa sami, pramilane wong agesang, den enget den ngati-ati. Aja dumeh bisa muwus, nadyan mung sakecap ugi, yen tan pantes lan wong kathah, yekti anggawa bilai, misile makluk punika, kabeh tinitah Hyang Widi. Lir samodra lawan alun, lembak lumembak kaeksi, kang raga upama sarah, alune kang Murbeng Urip, kenyataane Hyang Suksma, ingkang upama jeladri. Golong gumolonging ranu, upama urubing geni, kenyataane Hyang Suksma, ingkang upama jeladri. Tan liyan Hyang Susmanangung, jumeneng kelawan puji, pujine kang sifat mulya, mulyane amunpangati, kang karya sabab raharja, agarjani gung dumadi. Ing samarga marga nutuh, nenggih Ki Kaji Ripangi, ya iki Kenthol Jariyah, kang gawe cintaka mami, karya rusak wardayengwang, Ki Tumenggung sanget runtik. Ki Jariyah marganipun, angumpak marang ing mami, wadul ngadu-adu basa, sun turut ambilaeni, si Jariyah nora layak, besuk pantes sun surati. Kuneng kang kawelas ayun, Jeng Risidhen Van de Pul prapti, Ki Tumenggung wau sigra, asowan Residhen nenggih, lajeng sami tetabeyan, nulya tata lunggyeng kursi. Sedaya niskara katur, solahnya Kaji Ripangi, ing purwa madya wusana, wutuh tan kirang tan luwih, denya mbeg apeksa guna, anacad sesami-sami. Milanipun amba gupuh, angumpulken pra ngulami, amba aken musawarah, ngaken leres lan Ripangi, wusana inggih sanyata, Kaji Ripangi kang sisip. Janma kang ningali penuh, kumedah samimiyarsi, ngulama mbenerken tekad, reh tiyang sami agami, pan inggih Pangulu batang, kang mutusi ing prakawis. Awit saking yitna ulun, reh mbaureksa negari, katempah tiyang sapraja, yen kelajeng tan prayogi, temtu anulari kathah, wantu abdi tuwan Jawi. Yen wonten wong ngaku luhung, kelayune sipat kuping, dherakalan sami rahab, winastan sanget linuwih, angasoraken negara, pinunjul ing Nungsa Jawi. Kaping dwi kuwatos ulun, yen damel rusuh ing negri, tan wande akarya susah, priyagung kang greh negari, tuwan Residhen ngandika, sedaya tan wonten sisip. Ki Tumenggung kang panemu, alempeng tur amatitis, Gupremen langkung narima, Tumenggung ngasta pulisi, Ki Tumenggung truksinira, rumeksaa pra ngulami. Parentah Kangjeng Gupernur, setruksine kang Bupati, kasebut pasal ping rolas, sagunging para Bupati, inggih ingkang pinasrahan, ambaureksa agami. Sagung wong Islam puniku, temena denya nglakoni, mungguhing agama Islam, sampun mawi analisir, Bupati ingkang kuwasa, mardiya sabawah neki. Pasal sawelas winuwus, sagung priyagung Bupati, pra sami mbaureksaha, aywa kongsi anak janmi, mbujuk ngicuk pakumpulan, sedayane ingkang janmi. Ngarah lelakon tan patut, adol jimat japa sami, miwah lakon liyanira, kang niyat ngapus mrih angsil, amakoleh marang arta, miwah barang saliyaning. Yen Bupati myarsa iku, ana wong wani nglakoni, nerak struksi Jeng Nata, Bupati nyekela aglis, aturna Residhen nulya, sinareng kelawan tulis. Kaji Ripangi niku, kalebu nerak struksi, artikel kaping patbelas, kadi kang kocap ing nginggil, wajib Tumenggung marmanya, amriksani lan natrapi. Ki Tumenggung sampun mundur, yata kang winarneng kawi, kang kocap jroning wirayat, sujana sami mengeti, jenenge Sri Naranata, wajib kang nata agami. Ratu wajib anggeguru, mring ngulama para mukmin, kawruh panggawe utama, lawan panggawe kang sirik, resika terus wardaya, ewuhe wong dadya aji. Pan wus sinungan luhur, maring Hyang Kang Murbeng Urip, ratu kalifah Hyang Suksma, sinrahan isining bumi, karahayoning narpati. οοο¤οοο Titi repen cariyosipun Kaji Ripangi,,, Dhusun Kalisasak Kabupaten Batang. PUPUH VIII M I J I L Munggeng pamijil rengganing repi, pangrupakeng repot, rasika ta ruk sang aksanane, rawiting atma kang tan utami, tuna kataman mrih, ruhara tan ruruh. Ginati smaya pandayeng sandi, guna sandiyeng don, marda sadu widibeng angene, mangka kang ngunandika ing nguni, pikena ngenani, manguneng mangun kung. Purwaning para wira wirahi, tan agya anggayoh, pupuling piluta pepaline, pandayengsih kaswasih malatsih, sarana ngranuhi, ring karanarjayu. Tanpa timbang tembung tibeng tembing, yen jujul kaprojol, yen lulusa wuwus temah tangeh, tumuruta wiriding utami, lebar yen tan bersih ambabar tekabur. Mangka sirat sumirat sarwa ris, rarse wawangson, anglir ranu rena karanane, tuman kataman tan amikani, tita kena kanis, ing teluh nalutuh. Sayogya ngling nahan nadpadeng sih, sumiweng asengoh, sarwa sumyar sumirat manise, kadya lunglungan kelangening sih, darpa sirating sih, saha saben santun. Kadya katsan amemangun runtik, markatak karontog, sura saru anis mamanise, kawigar guguler ninitani, wiraganira nir. Ladat kendhat dhedhet angidheti, adedawa pan doh, ambebaya biyung ubayane, sangsayakeng buwana mengeti, sora saranani, kautameng tuwuh. Anekara kusuma mariris, tinutameng katoh, titih titi tinula tulaten, yen wus tatal tinali-taliti, den waled nuladi, mring labda dumlumdung. Bekaning baku oembukaning din, mingsar katamengsor, karaning tyas kang rengah rinongeh, ring kang tama teman angantepi, eblise lunga nis, taha maring tuhu. Dudutaning ruruntik katarik, rateng tyas markatok, tan kaulap sumelap sulape, mirir gina gimir kena sikir, tekad tanpa wangkid, tutur kabalabur. Lekasing cipta kang prapteng yekti, tumameng wireng don, sruning kapti kabyuhan wirage, raga karagan miruga ragi, wimbuh amimbuhi, kambah reh kajumbuh. Kagunturan murdasmara witing, westhine katongton, tan kenowah wuwuh wewatone, wahanane wingite mengeti, lupute nglimputi, anampad manaput. Kawawas tiwas tarpa nuwusi, wusana kalangso, datar tulus leles wewalese, lir wulu sana rekseng reksani, ngenes tan lumintir, kumentar katawur. Mawur mawurahan ima wingwrin, rungrum tan awor, wus kewran liweran werite, raras magiras kadresan riris, ruhara tan aris, ring rus durgama rus. Wuwus mageses mangasiyati, pepenget tan kamot, wus kawuwung ing winga wingane, ngorakaken ing sarak sarenti, kasura kasarik, kurak tarpa caruk. Ring kang sestu pangestuning kapti, mumuri wireng don, tur kataman ing kautamane, ring reh risang nayakaning bumi,ing basa basuki. Bisa busanayu. Sarsab kasub kasumbageng bumi, ing bumintara bot, tar kawangwang nawengi wangene, tistis prameya angupaya nis, ing lok anglengkani, kumlungkung kalingkung. Wuyung tumiyung ngayang ngayengi, mayangi dhumoyong, ing tyas anadpada ing padane, malat kumilat sang kadi murti, murti mangerteni, ing punggung sawegung. Mangka rara sru mesor wiyati, rumareng kawuron, tan pawestu wusaka mesine, jayeng langen maluyu maya ngling, marneb manginebi, Nabi kang rinasul. Musthikeng rat marta meratani, riris surasa wor, tembak katambak prapta bengate, sih sinungga sunggama senggani, nanggung nanggulangi, kamot umatipun. Mintir kumitiring rat martani, tutur katertanton, lumunturing prapta ngantarane, ngari wuri wruh wahyuning rawi, ing pati patitis, kawuryan ing madu. PUPUH IX S A R K A R A Munggeng sarkara ing ukara nia, sasmita tan sumengka pustaka, ring tyas rujit karejete, lir antaka mawantu, rumara mrih saroja wiji, tan jajag jinujuga, jroning samodra gung, saleksa satus patuwas maniwasi, puwas musing wasana. Tyas arungan mirangrong tan aring, rangu-rangu mirong karungrungan, mirising tyas nir rarase, kasangsara kasarung murtining sang asewa ragi, rug wiraganing raga, gara gra gumuntur, widigda dakan kadakan, woding driya prawaya wuru mawingwrin, waler sangker liweran. Taru katrangan mantrining riris, geges kagagas prabawa giras, malum lamlam waluyane, genggah wiyoga gayuh, girayasen karugan agring, ewuh wuwuh tan owah, wimbuh sangsayembuh, sedhih kadhudhah kapradhah, konus ngesnes ngenes manasa nyata nis, liring lanas kahenas. Keguh menggah menggalaning galih, gelah-gelah manaputi kala, kalalu kalingan dene, aluran liwaripun, kang tetala wus katula, tula katelanjur, rumaket ngaku makripat, ambebeni kabangkat rumangsa bangkit, guguring gurunira. Setun setan sirat saji-saji, sujana datan sajana diyan, mikawis pasamoane, kewala nglesi wuwus, tyas sira tis kentas kawingkis, makiring sing rerasan, kayunnya raras rum, kayunnya keh kilayuwa, mula-mula ngelmune mangka ling-ling, malah ulah memala. Tuhu tehen gurnita tan aris, wus kajinis ing eblis sawelas, tan suba sita sebute, ing musibat sabitun, wonten kojah kang dadi warti, ngulama Tanah Jawa, ing nalikanipun, Susunan Prabu Mangkurat, awit dadya rerasan ambebayani, sagung para ngulama. Saliring rerasaning ngelmi, saking takluking kodrat iradat, kang dadya wit purbane, wus kaasurak kasuhur, tanpa wekas tekad binatin, temah cacad-cinacad, ajuwet acucut, pasisir wetan oteran, tanah Tuban Kaji Amad Mutamakim, dadi lawaning kathah. Sora saru ing sarengat Nabi, ing Cabolek padhusunan Tuban, ginereg ginarumung, dening para alim pasisir, pinenging ngrusak sarak, duraka ing ratu, ratu wenang aniksaa, pan minangka badal sang nayakeng bumi, bebaya ing ubaya. Nanging sira Kaji Mutamakim, datan keguh abakuh agagah, tan suminggah pakewuhe, wani ngurebi kukum, akeh ngukih pengkuh tan kokik, akeh ngulama prapta, ingkang apitutur, nakah angingu srenggala, asu kudus rolas geng ageng kang siji, ingaran Ngabdulkahar. Papat asu kikir alit-alit, pangarepe su kiki satunggal, ya Kaji Amad Mutamakim, wus rempeg pra ngulama, pantes katuripun, ing Kangjeng Sri Nata, ing katoge tan kena den pituturi, mejanani negara. Dadya para ngulama pasisir, andhinginken iber-iber layang, marang pra ngulama kabeh, Pajang Metaram Kedhu, ing Bagelan manca negari, sarta kang nunukilan, ing panganggepipun, telade kang ingandheman, Ki Cabolek ngaku Muhammad hakiki, wani yen den ukuma. Duk semana oter kang negari, dadya kontrag pasisir sedaya, pra ngulama kerig kabeh, bang wetan Kyai Bungsu, Ki Witana ing Surawesthi, lawan Mas Sidasarma, lan Mas Tibnom Kudus, pangirid para ngulama, ing pasisir praptaning Kartasureki, dereng prapta bicara. Kasaru grah Jeng Sri Narapati, Mangkurat Prabu pan lajeng seda, kagyantan marang putrane, Dyan Mas Prabayekseku, kang wus nama Pangran Dipati, gumatya ingkang rama, arja jenengipun, Sunan sumare Laweyan, ing adege anyar tinutugen malih, wus katur Sri Narendra. Kerig malih ngulama pasisir, kabeh datan wonten kalangkungan, Pajang Metaram Bagelan, manca negara Kedhu, sifat keni lafat sakedhik, tan kena suminggaha, kinerig dalem Kadanurejan, akekangsen lajeng katur Sri Bupati, mufakat pra Wedana. Ing pasisir lan manca negari, tuwin Wedana ing Kartasura, rempeg mufakat ature, sedhenging kukumipun, pra ngulama kabeh wus prapti, kayu munggeng geladhag, saosan atumpuk, lisah kalentik junjunan, meh binasmi Kaji Amad Mutamakim, ing nalika punika. Wedana jro ingkang mugareni, nenggih Rahaden Demang Ngrurawan, lan Sang Nata naksanake, kadang estri pinundhut, dadya garwanira nerpati, nenggih Ratu Kencana, Dyang Demang puniku, langkung kanggep ing Sang Nata, duk semana ingandikan marang puri, prapteng byantareng Nata. Angandika alon Sri Bupati, heh ta Bapang iya kaya paran, si uwan Patih ature, apa ta wus ngalumpuk, pra ngulama ing Tanah Jawi, Rahaden Demang Ngurawan, sigra nembah matur, inggih wus prapta sedaya, malah sampun pinanggihaken ning aris, rarase kang rerasan. Menggah ngelmi ingkang den raosi, para ngulama ing Tanah Jawa, kang kinerig pinanggihe, mung satus dasa catur, inggih langkungipun kekalih, punika pinilihan, sinanesken sampun, ingkang asor kalih duman, kang saduman punika ingkang pinething, kawandasa sekawan. Kawandasa pinilihan malih, angsal kalihlikur pinilihan, pinilih pepethingane, mung sawela pukulun, gangsal ingkang saking pasisir, ngulama Tanah Pajang, sekawan pukulun, manca negari satunggal, ing Bagelan punika ingkang satunggil, kang saged karya brongta. PUPUH X ASMARADANA Abdi dalem Pajang gusti, Majasem Pengging Kemasan, sekawan ing Kedhunggedhe, ngulama manca negara, amung ing Panaraga, ing Pagelan Samalangu, dene pasisir kang gangsal. Ing Surapringga kekalih, ing Garesik kang satunggal, ing Demak Kudus kalihe, punika ingkang pinithat, sami binekta ngiwa, sekawan Bupatinipun, gangsal pun wa Danureja. Ing pasisir kang kekalih, pun Dipati Jayaningrat, ing ngriki pun Wiraguna, lawan jasad kawula, binakta panepen pungkur, de pun uwa Danureja. Ingabaraken pra sami, menggah wewangkiding tekad, kang winates panganggepe, ingkang sedanga mufakat, ingkang kekalih nbandhang, mring Mutamakim kelayu, angandhemi tan suminggah. Abdidalem Pajang gusti, wonten kelayu satunggal, ngulama ing kedhunggedhe, tumut labuh binasmiya, tadhah ingukut tuwan, dhateng pun Cabolek tumut, saeka wus abipraya. Ngaken Muhammad hakiki, mila pun uwa apatya, sumanggeng karsa Sang Katong, mesem Sang Nata ngandika, endi gurune Bapang, si Kaji Cabolek iku, dene wani prayantaka. Raden Demang awot sari, pukulun duk aneng marga, abdi dalem tiyang gandhek, kang nimbali ngririd lampah, ngingalaken praptanya, pun Genthongumos pukulun, kelawan pun Ragahita. ngGih pun Kaji Mutamakin, pukulun duk aneng marga, pang inggih sampun rumaos, yen badhe manggih deduka, ing Jeng Paduka Nata, tan sedya gingsir serambut, eklasing driya sumangga. Ngandika malih Sang Aji, kayaparan duk neng marga, amicara lan wong gandhek, apa polahe ing marga, umatura Den Demang, pukulun pamuwusipun, sokur Sang Nata ngukuma. Anak Ragahita mami, kinarubut pra ngulama, pasthi yen sida den obong, kaya mambu kukus ingwang, saking ing Tanah Arab, ing kana nggon guruningsung, Seh Jen ing negara Yahman. Yen wonten salat Ngisa, datan nendra pakaryane, angura Sumawicitra, Bimasuci seratnya, ingkang kalih welas laku, pan sami lan Maduretna. Dinamel bramara keni, animpen sastra satunggal, sami sawelas lampahe, dinamela lebda jiwa, sengkek sang aprabu, heh Bapang iku kayapa. Wong micara ngelmu dakik, teka ngirib laku Buda, ya Bapang apa pakoleh, saru menawa kesasar, nembah Rahaden Demang, pukulun boten kasiku, menggah raosing ngelmi khak. Pan amung dinamel tamsil, boten binatin tinekad, naming ngalap ondhe-ondhe, kathah para wliyulah, kabuka ing ngupama, kang jinujug kalanipun, Bima nggebyur ing samodra. Pati badan angulati, guru telenging samodra, ambek pejah yen tan oleh, sedya pejah jro samodra, yen tan wruh ing kasidan, prapteng teleng samodra gung, pinanggihan Dewa Bajang. Cilik menthik sapeksi prit, teka aken majingana, langkung kagete pun Bima, punika kang kinarya, pangemut emuting wuwus, pun Mutamakim neng marga. Mesem ngandika Sang Aji, heh apa iki Si Bapa, lan para Wadana kabeh, rembug anuli kukuma, neng alun-aluningwang, sejati jatine ingsun, tan arsa anuruta. Ing ature uwa Patih, lan sagung kang pra Wedana, miwah ngulama sakehe, menawa ta iku Bapang, nedya den anggo dhawak, ngelmu kang mengkono iku, yen durung angajak-ajak. Nelukakan kanan kering, wong merapat manca lima, manca nem manca pitune, kabeh wus padha denajak, aja-na nganggo sarak, tan kena ginawa lampus, mung tirunen ngelmuningwang. Sarta belek manjing murid, yen ora mangkono ora, sun kudu ngapura bae, umatur Rahaden Demang, leres karsa Sang Nata, ya Bapang metuwa gupuh, dhawuhna dudukaning wang. Marang ing si uwa Patih, miwah kang para ngulama, tuwin paraWedana kabeh, den pepak neng Kapatihan, sira ngemban duduka, Demang Ngurwan wot santun, wedale saking jro pura. Animbali gandhek kalih, ingkang kinen rumiyina, mring Kapatihan sung awroh, lamun ingsun benjang enjang, marang Kadanurejan, praptaningsun pukul wolu, andhawuhaken parentah. Den pepak kang pra Dipati, aneng dalem Kapatihan, lan para ngulama kabeh, wus lajeng gandhek tur priksa, marang ing Kapatihan, datan winursiteng dalu, enjing Dipati Danurja. Amepak kang pra Dipati, tuwin sagung pra ngulama, wus prapta aneng daleme, Adipati Danureja, kilen para ngulama, nunggil Kiayahi Pangulu, majeng mangetan sedaya. Kang wetan para Dipati, majeng mangilen sedaya, Dipati Danureja ler, mangidul ing ngajengira, ngilen kedhik pan urmat, marang ngulama gung-agung, enggene kilen sedaya. Pukul wolu sareng prapti, Rahaden Demang Ngurawan, kang alungguh medhun kabeh, wusnya lenggah Raden Demang, wangsul panggenan samya, Ki Adipati agupuh, asreng pandhodhokira. Lawan Raden Demang aglis, andhawuhaken parentah, pan sarwi andik netrane, kumepyur tyas pra Dipatya, tuwin kang pra ngulama, telah parentah kang dhawuh, radi angampyak deduka. Putusnya deduka Aji, mung sumaur kalih kecap, Dipati Danurejane, lajeng anglengger kewala, pucet kang pra Dipatya, sedaya pra sami dhingkul, tuwin kang pra ngulama. Maha wikara mawerit, kataman singa wikrama, prakampita walikate, mawantu marga kruraya, mahambeg kawigaran, angken pragalba gul-agul, lumud syanita sudresa. Noleh nganan noleh ngering, kancane para ngulama, kang tinoleh ndhingkul kabeh, nadya kang para Dipatya, Mas Ketib Anom ing Kudus, bangun alin-alinira. Makruraning tyas mawerdi, wimba diraning wardaya, anetepaken surbane, amingkis rasukanira, mingsed maju rong cengkang, Mastib Anom denya lungguh, wus moncol saking ngakathah. Solah gagah tembung ririh, kadya Raden Baliputra, tatkalanira kinongkon, ing Prabu Ramawijaya, angantep Dasamuka, karya cingak kang andulu, sedhenge bagus taruna. PUPUH XI S I N O M Angger kula nuwun duka, kami purun anyelani, ing dudukane Sang Nata, kang dhawuh Rekyana Patih, ragi kalintu kedhik, duduka dalem kang dhawuh, kagyat Rahaden Demang, Ngurawan sigra anolih, angarepken Mastib Anom kang micara. Mantheleng amalang kadhak, mangkrang rikmanireki, rikma kathah ngandhan-andhan, kadi putra Ngalengka Ji, prawira Sang Indrajit, kadya anuduka gapruk, mring duta Baliputra, praptane deksureng krami, Mastob Anom lan Raden Demang Ngurawan. Dangu awawan wicara, bangun anrok silih ukih, nimpuna angadu yasa, rame denta amrih titih, titikaning akrami, karaning krama winangun, apopor maputeran, yen menggaha wong ajurit, rame deder-dineder ider-ideran. Dadya kang para ngulama, pandhikule sami tangi, miwah kang para Dipatya, tangine kagyat miyarsi, ingkang lumawan ling ling, Mas Ketib Anom ing Kudus, kelawan Raden Demang, Ngurawan ngandika wengis, ingkang endi sira narka kaluputan. Dudukane Sri Narendra, kang dhawuh ing uwa Patih, Mastib Anom aturira, inggih angger kirang uwit, wiwinihing prakawis, mila Ki Dipati matur, dene para ngulama, sedaya punika sami, kang umatur dhumateng uwa paduka. Mila purun umatura, pun uwa Rekyana Patih, awit saking pra ngulama, yekti santosa ing pikir, lerese kang dadya wit, dinukanan Sang Aprabu, tegese pan kawula, sedaya punika sami, atampia dudukane Sr Narendra. Angakak Rahaden Demang, Ngurawan angentrog wentis, dene alega tyasingwang, iki ana kaum lanji, wanter wani ngemasi, ambarek bisa kaluruk, acandhang asembawa, yen jagowa wiring galih, mubal putih abare pindha garudha. Lah iya ingong kewala, kang dadya wakil Sang Aji, aduduka marang sira, yen pagene ta sireki, aweh ruweding bumi, gawe rurungoning Ratu, ujar durung sembada, sira matur ing wa Patih, apa amrih dudune para ngulama. Gawe rurunganing praja, arep delajating bumi, wus entek dukaning Nata, Mastib Anom aturnya aris, langkung nuwun kapundhi, duduka dalem kang dhawuh, nanging inggih sadaya,kang abdi punika sami, langkung dene tanpa niyat anedyaa. Angribedi panjenengan, yen kaleresana sami, ing lahir batin rumeksa, sasaged sageding alit, pan wajibing ngaurip, sami rumeksa ing Ratu, karahayon tulusa, angimami Tanah Jawi, nunten wonten tingkah kang saru katingal. Yen upami kalajenga, boten wande marepeki, gempil derajating praja tan wande anunulari, pan inggih boten keni, ingangge pribadinipun, abdi pudaka Jawa, kang nebehi saking sunatul Jumuwah. Dharekalam sami rahab, pelayune sipat kuping, Adipati Jayaningrat, mesem sarwi lon anjawil, marang Ki Arya ririh, metoni iku mantumu, wani deder wicara, datan ulap aningali, wani nglawan lan Raden Demang Ngurawan. Yen mengko manusa Jawa, mangsa bisaa cumuwit, aningali Raden Demang, sasat malekat Ngijrail, takona wong nagari, Raden Mlayukusumeku, mesem muwus iriban, kula kang kerep kepanggih, tur samuwus pang inggih sami wadana. Parandene terataban, tyas kula lamun kepanggih, kadi ningali macan, sanajan neng pancaniti, yen nuju Senen Kemis, aglar punggawa gung-gung, yen langkung kakang emas, rep sirep tan walang sisik, nadyan peksi miwah kekayon sedaya. Pangraos tumut amaras, angres wingwrin kang waringin, punika wong boten jamak, derajate angluwihi, kakangmas Mangkubumi, duk wonten ing Purwalulut, nyambut demel jro pura, bubuhane den parani, pinariksa mring kakangmas Raden Demang. Mung sakedhap sarwi liwat, labet maksih gegeteri, tyase maksih terataban, kakangmas Mangkubumi, nggen kula den parani, angandika tutur-tutur, marase dereng ilang, ketege maksih ketawis, sumyar-sumyar angandika pegat-pegat. Kulo ngaturi poyokan, mring kakangmas Mangkubumi, sampeyan kadi pun kula, ing rayi sampeyan ajrih, mangsa puruna inggih, andhendha mring kadang sepuh, saure ngusap jaja, heh dede pabenan adhi, sinten wonge tan ajrih ing Adhi Demang. Dhimas Malaya Kusuma, boten anyana wak mami, duk Adhi Lurah mariksa, dhateng ing bubuwan mami, kula tan dabe ati, nyana wonten kang sinaru, Dhimas ati manira, kabeh wus ana ing jawi, katujune tan suwe liwat kewala. Punika kapernah tuwa, kakangmas Mangkubumi, dede sentana langsaran, sentana pamer sayekti, pramdene liwat ajrih, ing kakangmas puniku, baya pesthi ginanjar, ing derajat angluwihi, mung punika wong Kudus purun anglawan. Mangke yen boten deduka, Ketib Anom nyata luwih, wong wani angrangkul macan, wau kang awawan pikir, rame rok silih ukih, dadak dinadak mrih tanduk, manawung ngadu yasa, Mas Ketib Anom tan kokih, sinenggrangan mring Raden Demang Ngurawan. Mastib Anom aturira, angger paduka menawi, anenetah mring kawula, bilih boten mituturi, mring Kaji Mutamakim, punika paduka dangu, wonten ngarsa sampeyan, kawula krep andhatengi, apitutur anyegah saruning tingkah. Nedha rika sumaura, mumpung neng ngarsa bendara, punika nggene toh pati, Ki Cabolek nahuri, layop-layop angalentuk, inggih yektos pun anak, andhatengi mituturi, nging kawula prapteng maot tan suminggah. Saking bodhone pun paman, mung wejang guru kaesthi, wus kawibawa graning jiwa, tan saged mrih surat malih, ati kedah netepi, Mas Ketib Anom asendhu, lah iku pikir apa, anyenyengit apenyakit, ngendi ana asu ingaran Dulkahar. Angger asune satunggal, winastan pun Kamarodin, satunggalipun Dulkahar, gumer kang sami miyarsi, Demang Ngurawan nenggih, ngentrog wentis sarwi ngguguk, Ketib Anom sru mojar, rika uga boten becik, mindhik-mindhik agawe guyon negara. Wong amrih kalokeng kiwal, peksane kudu lumuwih, aja tangguh ing pratingkah, lah alihen gunung Mrapi, gunung Prawata nuli, tumpangna ing gunung Lawu, sangganen astanira, sabarang panggawe iki, aja tanggung ngiwakaken jiwa raga. Anyengos adu arepan, asune pinadha nami, lawan pangulu ing Tuban, Dulkahar asune malih, pinadha jeneng ketib, si Kamarodin puniku, dudu wong tetemenan, neracak ratuning nyengit, sejatine pakarti angudubilah. Angger milane kawula, sudama matur Wa Patih, Adipati Danureja, supados tranga pinanggih, angentarna wewatir, pan inggih jenenging Ratu, lamu anyingkirana, kang sarwa sunating Nabi, kasangsara nirna sarusaning sarak. Angger kang kocap ing kitab, nenggih Abaruselatin, jenenge Sri Naranata, pan Ratu penataning din, yen wonten amimirid, nyunyuruh amrih tinurut, lamun kelampahana, Ratu doh sunating Nabi, yekti ilang memanise kang wadana. Angger kalamun wontena, ratu boten manis rai, pesthi nir aruming praja, amung arus anyenyengit, dadya sureming bumi. Tumus aruse tan putus, punapa tan rineksa, katertantoning Narpati, inggih angger pan Ratu atining jagad. Pan ati ratuning badan, mekaten angger upami, sayogyane beciking ati, mulane wong ngaurip, wajib rumeksa ing Ratu, obah osiking praja, pakaryane Narapati, kadya badan molah pakartining manah. Kaluputaning Narendra, sinandhang ing wong sabumi, jer Ratu atining jagad, ati rusak badan serik yen sirik tan ketarik, neluh nalutuh ing Ratu, Raden Demang Ngurawan, sidhakep sarwi seleh kris, matur marang Ki Dipati Danureja. Wa Patih kula kasoran, si Kudus mbandakalani, merep bisa ngabar bisa, tangkepe deres patitis, salin dhawuh puniki, duduka dalem kang dhawuh, wau dhateng pun Uwa, pun Kudus ingkang nadhahi, angguleng prang mangsah anguger bandara. Agagah boten giyagah, terampil boten angruwil, wani ngamuk boten mamak, awegah kula ningali, arespati patitis, gitik seru boten saru, sudibya ing biyuwa, bisasabi ngupiyatin, boten kaguh andadosken sulupiyat. Tinempuh ing sulupiyat, kinarya tis ngupiatin, boten saged anerajang, akeron ing kanan kering, rinupak marepeki, ingomberan bisa mabur, gawat kaliwat liwat, amungsuh wong Kudus iki, darodosan karinget sarang kasurang. Raden Malaya Kusuma, umatur sarwi worsari, kakangmas puduka bayar, kawula ingkang nampeni, duk ucal tandhing ngapit, kangmas temah den sapuluh, gumer kang pra Dipatya, luwaran saking prihatin, rambet rambet cahyane para ngulama. Rahaden Demang Ngurawan, ngandika sarwi anolih, Dhimas Malaya Kusuma, destun kula boten ngimpi, prapta nemu pepanggil, ngandherek mulih ngendhuruk, Uwa Patih kawula, umatur ing Sri Bupati, pan sedaya inggih sami ngantosana. PUPUH XII K I N A N T H I Kinanthi ing kunduripun, saking daleme Kya Patih, Rahaden Demang Ngurawan, kertarta duta Narpati, datan kawuwus samarga, sapraptanira jro puri. Ngabyantaranira Prabu, Rahaden Demang wotsari, katur solahe dinuta, miwiti malah mekasi, langkung anuwun pun Uwa, wonten nanggulang toh pati. Pun Ketib Anom ing Kudus, kang saged angadukawis, barang reh inggih kawula, kasoran rebat prayogi, atangginas boten lanas, patitis boten angruwis. Atangguh boten anguthuh, olahe langkung prayogi, pan kadya angaben sata, abdi dalem pra Dipati, sareng cul tandhing kawula, pan inggih lajeng angapit. Boten dangu den sapuluh, kawula tan saged gitik, ginitik ngering anganan, ginitik nganan angering , yen angabar kadi gelap, sumaput angsal rerai. Satunggal paperepipun, kelangkung saking amanis, amisrani sanegara, Sang Nata ngandika aris, payo endi ucapena, Rahaden Demang wotsari. Kula ngalingi pukulun, mring pun Kaji Mutamakim, nunten mantheleng mergagah, sarwi lambene kumitir, netra rekta parisura, akekes amba ningali. Tembungipun langkung sendhu, sampeyan angger ngajani, polah makaten punika, gih pun Kaji Mutamakim, yen mekatena sampeyan, angger kang ngrisak negari. Pan inggih wajibing Ratu, rumeksa sunating Nabi, yen ratu anebihana, kang sarwa sunating Nabi, ical manising Wedana, amesumaken negari. Sayekti negari arus, Ratu boten manis rai, sabarang den tindakena, amung sangit anyenyengit, Sang Nata kaselak latah, si Kudus ambebayani. Kang umatur dereng tutug, selak gumujeng Sang Aji, yen kaya mengkono Bapang, payo padha anglakoni, ingsun metoni Jumuwah, warahen Si Uwa Patih. Gaweya panggonaningsun, terancang sajroning masjid, Jumuwah ngarep sun medal, puniku nujuling kina, kawiting salat mring masjid. Ngandika maling Sang Prabu, heh Bapang sun wiwit wling, mengko sun pikire pisan, ing kalamangsane nguni, jeg ana wong cecaturan, iya na ing ngarsa mami. Si Jayaningrat kang matur, guguyon ing ngarsa mami, sampeyan dalem punika, sarwa ngarsakaken Gusti, gambuh lawan ringgit tiyang, punika kirang satunggil. Tarebang uwong pukulun, ingsun gumuyu tannya ris, heh Dipati apa ana, tarebang cinara ringgit, sun wetara nora kaprah, ature si Adipati. Inggih abdi dalem Kudus, pun Arya mantune santri, pun Ketib Anom wastanya, ngadegken terbang wong Gusti, pun ingsun kaselak latah, sun nyana anggegarohi. Malah tuture maringsun, Si Jayaningrat Dipati, iku dhalang ngiras wayang, Si Ketib Anom ngawaki, kang dadi Wong Agung Menak, murdeng prang surayeng bumi. Nuli arsa ingsun pundhut, Si Cakraningrat ngalangi, ature sampun akarya, barang kalangenan Gusti, ing karabat Rasululloh, sayekti ambucal taklim. Pan abdi dalem rumuhun, pun Bapa dipun awisi, tarebang lampahan Menak, ing Madura boten keni, mung Amad lawan Mursada, kelawan Asmarasupi. Punika lampahanipun, tarebang madunten Gusti, amung winaca ing serat, punika tan den awisi, pun abdi dalem pun Uwa, wasiat saking Mantawis. Iku wurunge sun pundhut, mengko ta Si Kudus iki, pikire wani kandhas, Raden Urawan wotsari, inggih pikir brenggarowa, ngandika Sri Narapati. Dhasar moncol rada mencul, samencul menculing santri, lah iku manjing prakara, atadhah wani ngawaki, apragola ngadu yasa, kalebu wong sewu siji. Apa ta ulese bagus, Rahaden Demang wotsari, inggih abagus agagah, dedeg prakosa prayogi, kados putra ing Wiratha, Arya Seta Senapati. Yen sampuna dados kaum, pantes nguyunana baris, tetanggulang satru sekti, menggahing ngelmu wirasat, punika ingkang netepi. Kadya Pragalba gul-agul, ladak lair ladak batin, wong kumedut kandel manah, abanter purun prang rai, pantes ingkang amengkua, ing gelar tumercep sami. Glara dumuk angun-angun, miwah braja tikswa lungit, tuwin mangkara candrasa, agelara kagapati, wangun makaten punika, sabarang glar amantesi. Ngandika malih Sang Prabu, ya Si Kaji Mutamakim, patute wonge kaya pa, Rahaden Demang wotsari, kadi Cantrik Wisangkatha, anrenggiling api pati. Boten kalebet ing catur, dhapuripun ukur urip, awon mathethe kang warna, anyikruk lamun alinggih, pasamuwan ing ngakathah, kadi wong den supatani. Teka wonten antepipun, kawula boten andugi, sami samining tumitah, dadak wonten kang pinethik, gawok karsaning Hyang Suksma, mekaten kinarya Kaji. Sinungan pepeking rukun, sinung wrin astana Nabi, Jeng Gusti Niyakaningrat, yen sampuna dados Kaji, pantes tiyang kulak merang, utawi tyang wade pitik. Ngandika mesem Sang Prabu, iku Bapang wus pinasthi, tinitah dhapure ala, sinungan atine suci, mungguh karsaning Hyang Suksma, piniji sinungan suci. Raden Demang awotsantun, milane wau Sang Aji, tiyang alit angrampiyak, akerep dipun tudingi, kados sakit ngangkat nanjak, dinulu amempis-mempis. Kadya Baladewa bendu, abendu dhateng cemuris, pun Mutamakim punika, dhapure memper cemuris, pabena ing jawi dadya, Ki Cabolek den jujuwing Pun Ketib Anom ing Kudus, nepsunya yayah sinipi, dumeh asune satunggal, winastanan pun Kamarodin, satunggilipun Dulkahar, mila gung anggigit lathi. Sangsaya genipun nyikruk, kaki Amad Mutamakim, Sang Nata mesem ngandika, iku Bapang karsa mami, sakeh kang dadi rerasan, dhawuhna Si Uwa Patih. Sun sirep parentahingsun, aja na kang angrasani, kang luput wus sun apura, kaki Amad Mutamakim, yen mindhonana pratingkah, kang nora kaprah ing bumi. Ing kono sida sun ukum, ya Si Kaji Mutamakim, ngong gawe pangewan-ewan, aneng alun-alun mami, ing mengko apuraning wyang, iya sun pundhut amiji. Lan maning parentahingsun, dhawuhna Si Uwa Patih, kabeh wong sajro nagara, Wedana Kaliwon Mantri, lawan sagung pra sentana, den werata undhang mami. Aja na ingkang guguru, ngelmu kak sajro nagari, muruka jabaning rangkah, ing kana ingsun lilani, lamun ana wani nerak, ing parentah ingsun iki. Aja atatakon doseku, sun lunasi jasad mami, aneng ngalun-aluning wyang, dadiya tontonan mami, wong Kartasura-diningrat, den kalakon undhang mami. Sajroning papacuhingsun, kelawan Si Uwa Patih, ngupayaa wong ngulama, pan ora ingsun wangeni, oliha sapira-pira, nuli den pacaka sami. Panggonan Jumuwahipun, nuli pinanciya sabin, mangsa bodhowa Si Uwa, memantes boboting bumi, nyelawe wewangening wang, pangarsa ingkang prayogi. Pangisore anelung jung, iku desa kang abecik, kang kira kelar angangkat, ing Jumuwah aja laip, Kedhu Pagelen Mentaram, ing Pajang ingsun wangeni. Oleha wong patang puluh, ngulama kang becik-becik, sakiwa tengen nagara, aja doh enggala prapti, kemita saben Jumuwah, ana ing panepen mami. Dene ta ing liyanipun, Kedhu Pagelen Mentawis, aja kudu pinilihan, sokur oleh ingkang bangkit, wis Bapang nuli metua, Rahaden Demang wotsari. Wus mijil saking kedhatun, ing Geladhag denya nitih, turangga nyirig adheyan, kumepyur wong urut margi, anarka yen ana karya, Rahaden Demang wira-wiri. Rawuh Danurejan sampun, prapta tedhak saking wajik, Rahaden Demang Ngurawan, kertarta duta Narpati, wus manjing ing paregolan, mudhun kabeh kang alinggih. Wusnya Raden Demang lungguh, wangsul malin nggene sami, dhasar wong agung wiraga, gorareh anggegeteri, andhawuhaken parentah, gelare amemedeni. Netrandik angkara mretu, kang rema sapanggul buntit, respati lungguh ngadhaplang, awak nembaga sinangling, amandeng durung tumandang, gumyur ingkang den dhawuhi. Saingga Prabu Tamtanus, Sri Mahrajeng Yunani, duk angemban kang pustaka, Wong Agung surayeng bumi, mring Ratu Kaos nagara, dhawuh ing Narpati Jobin. Duk tinampan suratipun, pedhange lajeng tinarik, netra gumilintir kumentar, mandeng ingkang maos tulis, ing kanan kering kacahak, saking kobeting panglirik. Malah ing upamenipun, Raden Ramadayapati, puniku Raden Anoman, kasub kasumbageng bumi, wus nama duta utama, nalikanira tinuding. Anukmeng Ngalengka sadu, nenggih kinen amanggihi, putri Mantili Direja, enggene sajroning puri, aneng taman Ngargasoka, Anoman sawusnya panggih. Pacak beda pamrihipun, sikaranen aja wiwit, destun saking yun uninga, angadoni jayeng jurit, kadreng yun wruh boboting prang, prajurit reksasa pati. Kinembulan ing prang pupuh, akethen reksasa mati, tan regel wulu salamba, Raden Ramadayapati, punggawa putra keh kena, lajeng ngunandikeng galih. Ingsun banjurena gempur, prajurit Ngalengka iki, durung boboting prawira, yen ingsun ngasorna jurit, angrusak kramaning jagad, ngendi ana wong sawiji. Teka anggempur prajagung, ngilangken kramaning bumi, kena renguning Bethara, sun ngalah sapisan iki, iya dimekne binanda, ingaturaken Ratuneki. Dadi antuk liru wuwus, lan Si Yeksendra sun mangkin, pinanah anuli kena, katur ing Dasamuka Ji, ing wekasan pinilara, ngunadika ing tyas malih. Si rahwana liwat cubluk, dene ingsun den larani, dadi oleh mengko ingwang, rong pangkating prakareki, iki Ratu bodho mamak, kudu mungsuh Ratu mami. Iku dadine katunu, kedhaton Ngalengka gusis, sirna ing panggawenira, Raden Ramadayapati, wau ta Rahaden Demang, Ngurawan lamun tinuding. Sekala kandhuwanipun, sariranggep Narapati, mengkarog asalin warna, tuhu lamun angajrihi, wau ta ing lampahira, dhawuh timbalannya manis. PUPUH XIII DHANDHANGGULA Ririh aris pamedharira ngling, marang Adipati Danureja, kang dadya rerasan kabeh, pinundhut sirepipun, ing samangke karsa Sang Aji, kang luput ingapura, yen amindho besuk, langara marang sarengat, yekti dadi pengewan-ewaning bumi, siyasating Narendra. Nuli noleh mangilen macicil, sami kumepyur para ngulama, amandeng andik netrane, keh ilang bayunipun, pra ngulama asalah tampi, dhawuhing pangandika, asareh tur arum, heh sagung para ngulama, ingkang liya Kaji Amad Mutamakim, atampiya timbalan. Ingkang dhawuh timbalan mring mami, iya Bapang lah sira waraha, kang para ngulama kabeh, liwat tarimaningsun, rehning padha tinuweng bumi, rumeksa palimirna, ing keratoningsun, katempuh ing kebatinan, ingkang kaya kaji Amad Mutamakim, iku wong kekandhangan. Angregoni panjenengan mami, pan kalebu wong ambanting kothak, meh nora angimanake, marang keratoningsun, sawijine ingkang sesawi, iku wong aneracak, nanging wus sun puhung, gumantung apuraningwang, sami nuwun ature kang para hakim, langkung kalingga murda. Nulya ngadeg wahu Ki Dipati, Danureja andonga kabula, gumuruh gumer amine, gantya Kyai Pangulu, ngadeg donga luwar prihatin, Raden Demang ngandika, heh Tib Anom Kudus, Sang Nata amundhut kojah, saanane mengko wartakna ing mami, sun aturne Sang Nata. Rekyana Patih angacarani, angger inggih punpaa dhahar, yen wus telas timbalane, raka paduka Prabu, Raden Demang alon nahuri, mangke pan maksih kathah, ingkang dereng dhawuh, kang dhawuh dhateng sampeyan, kinen damel terancang sajroning masjid, Sang Natha tedhak salat. Kang timbalan waraha Wa Patih, yen dililani marang Si Uwa, ing Jumuwah ngarep kiye, iya ing niyatingsun, tedhak salat marang ing masjid, Dipati Danureja, wau duk angrungu, anggero denya karuna, lajeng ngadeg angdonga sakurollahi, Ki Pangulu ingatag. Miwah para ngulama mbelani, ngadeg sedaya sami andonga, gamer gumuruh gorareh, sagung para Tumenggung, pan sedaya sami anglirik, Mas Tib Anom Kudus, nyamping srung langking kesa, apaningset kasa kembang surat wilis, tinutup ing kalengkam. Harja sareban bareci kuning, bathokan papak cinara Arab, amemet adu mancunge, rasukan wungu salmur, ragi cekak jubah sultani, ngelabang kapipitan pamangkinging dhuwung, tembalo pendhok suwasa, cara Banten anggubed sarungan keris, wau kang tasbeh merjan. Ragi megos pangadegireki, telapaka ing ngajeng kang kiwa, kang tengen aneng wurine, rong tebah tebihipun, suku ngajeng lawan ing wuri, tur mangsa jinaraga, nanging kang andulu, pra dipati arerasan, dhasar banget wong iki kadug wiragi, sapolahe sembada. Dene kaya wong anata baris, arsa ngangsahaken ing ngayuda, Mas Tib Anom pangadege, dhasar bagus abesus, kang akeh angelomprah, ngadeg cara indhuk, sawusnya katam andonga, lenggah malih pra ngulama lan apatih, Raden Demang Ngurawan. Noleh ngetan ngandikannya aris, heh Adimas Malayakusuma, paran dadi garundele, suwe mene sunrungu, ingkang rayi matur wotsari, kangmas boten punapa, gunem awon nganggur, Rahaden Demang Ngurawan, meksa ngukih hehe Adhimas boten becik, dora ing kadang tuwa. Raden Arya Mlayakusumeki, pa gumujeng sarwi matur nembah, inggih kangmas sayektine, Mas Tib Anom ing Kudus, ingkang sami kula raosi, pangadegipun beda, duk andonga wau, lan ngulama kathah kathah, nggene ngadeg kadi wong anata baris, arsa ngangsahken yuda. Pantesipun dadosa Bupati, teka owel adados ngulama, Raden Demang sru gujenge, ngentrog wentis angguguk, matur marang Rekyana Patih, Uwa pun Adhi emas, Mlayakusumeku, nalare kuwalik sumpah, pangrasane ngulama becik Bupati, dados ukara. Dika adhi sun tutur tuturi, lagi pengrasane awak dika, santri becik Bupatine, ing sayektining wuwus, lan Bupati abecik santri, kang padha pepariman, ngemis turut dhusun, lan dika becik punika, sampun mungguh ngulama kang wus Bupati, punggawane Hyang Suksma. Luhur pundi punggawaning Widi, lan punggawane Ratu dunya, niku dhimas upamine, Mas Tib Anom ing Kudus, dhasar bagus puniku dadi, punggawane Hyang Suksma, wontena sapuluh, Bupati luhur ngulama, ing batine becike dunya adhi, inggih para ngulama. Mila dhimas sayogya para Ji, wajib ngurmati para ngulama, Dewa Resi pangiwane, myang para punggawa gung, sayogyane milu sih bekti, marang para ngulama, mapan iku prelu, kang rumekseng kabatinan, yata sagung para ngulama anglirik, marang Rahaden Demang. Iki silih wong landhep kadyangin, yen mungguha dadia wowohan, wong agung kawongan duren, medeni lahiripun, sarirane kabeh dadya ri, yen bener nggone mecah, ing jrone mumud, alegi lamun pinangan, nora watir kangmangan kena ing eri, lemes lunyu kewala. Nora uwas kalelegan eri, yata Rahaden Demang Ngurawan, andhawuhaken malihe, wa patih malihipun, kang timbalan Sri Narapati, aja na amicara, wong nedya ngguguru, ngelmu ingkang kekenthelan, ing ngelmu khak amuruk sajro negari, kajaba ngelmu sarak. Amurukna sajroning nagari, yen muruk khak sajabaning rangkah, sun lilani sakarepe, yen nerak undhangingsun, ingsun lunas siyasat mami, Kyana Patih sandika, kang den sami angupaya, wong ngulama sendyan mung ukur keni, ing lafal sarta makna. Nuli padha pincaka sabin, sapatute panggonan Jumuwah, anelung jung anyelawe, kang becik sawahipun, kang akelar kang aja laif, pangangkate Jumuwah, timbalan Sang Prabu, ing Tanah Pajang kewala, milihana ngulama kang becik-becik, antuka kawandasa. Dene Kedhu Pagelan Mentawis, aja milih ngulama kang bisa, Uwa Patih saantuke, mung sagede pinuwung, nadyan inggih mung ukur urip, yen saged lafal makna, nuntena pinundhut, milane ing Tanah Pajang, pinilihan kang caket lawan negari, ing karsa Sri Narendra. Saben Jumuwah kemit agilir, ing panepen sajroning kedhatyan, pinanggihan ing karsane, samya ngresakken ngelmu, munggeng ngrasanira Narpati, Dipati Danureja, sandika jumurung, Ki Cabolek Uwa pinundhut amiji, ginadhuhken kawula. Sampun telas inggih Uwa Patih, nulya Adipati Danureja, angejepi ing jurune, dyan papundhutan rawuh, kalih atus ambeng kang prapti, tan wonten kang bineda, ing pangrampadipun, angijeni pra Dipatya, pra ngulama cinara ambeng Bupati, Dipati Jeyeningrat. Angejepi punakawan aglis, angubengken acar kikiriman, saking ing pamondhokane, lan wonten sisanipun, kang lorodan saking jro puri, saben pukul sedasa, nenggih praptanipun, marang Kajayaningratan, kadhang pukul sawelas denira prapti, sadhahare Sang Nata. Sapitan pitik wulu kemiri, lawan gepukan dhendheng menjangan, kang saking Rawa asale, dhaharipun Sang Prabu, wonten kantun sisane ratri, binekta sareng acar, Raden Demang dulu, mesem denira ngandika, sapitane ing ngriki Paman Dipati, puniku kula sukak. Mesem ature Sang Adipati, sumangga angger kantun punika, Arya Mlayakusumane, andulu sigra matur, kang mas paran ingkang wewadi, dene esem-eseman, iwak kang pinundhut, lawan Paman Adipatya, Jayaningrat kang mas kula adhudhumpil, nuwun kucah sampeyan. Lawan dereng uninga ing wangsit, ulam punapa dene agawat, mawi kejep pamundhute, Raden Demang gumuyu, kaya kucing adhimas iki, tan kena tinungkulna, sapinten puniku, wau ratri saking pura, pan lorodan paringane Man Dipati, norantek iku baya. Nanging dhimas kula boten pangling, sawab kula wau bengi dhimas, gandhek ingkang nglampahake, sapitane puniku, kang marahi kula tan pangling, heh Paman Adipatya, Jayaningrat iku, saben praptaning lorodan, tidhak habis sinantap sama sekali, Sang Adipati turira. Inggih angger paringan kang enjing, boten telas ulame kewala, ingkang kula ngengehake, pan kangge sontenipun, ingkang sonten pan kangge enjing, Raden Mlayakusuma, amarani gupuh, marang nggene Raden Demang, nora nganti panakawan kang ngladeni, tinampenan piyambak. Sarwi angling denira nampani, iki dadine kang tapak asta, saking pura pinangkane, Raden Demang amuwus, ya mulane wong anom adhi, sok mbodhokaken aja, marang kadang sepuh, arame kang dhedhaharang, Ki Dipati lakune cara pasisir, sajroning dhedhaharan. Ulam prapta asalin sumalin, anget-anget tan atumpa-tumpa, kang adhahar sedayane, abangun bangun sekul, wus adangu tuwuk pra sami, linorod kang ambengan, kadya amemantu, Adipati Danureja, urmatira mring wong agung ngulameki, tuwin wadya Sri Nata.

Komentar

Postingan populer dari blog ini